
Kang Dalban, sing dadi tukang becak nang pasar wage prakerta, ngresula. Kejaba rega-rega pada mundak, penumpang juga sengsaya sepi.
Lha ora sepi kepriwe, kabeh wong siki pada nunggang motor. Jere pada tuku motor mung mbayar 500 ewu, motor wis olih digawa bali. Apa bener kuwe?trus hubungane karo parte apa ? ya langka !!
kaya kiye, wis pirang2 minggu nggawa becak muter2 kota kripik, nang sedawane dalan akeh spanduk parte, pokoke njupek.
Kang kae ujarku akeh temen gambar parte? jumlaeh jane sepira kabeh? kayong mbingungi temen wor?Nah kuweee, wong nek kurang gaul ya ora ngerti. Kaya inyong sing sok maca koran saben ndina be bingung hihihi. Kabare ana 34 parte. Trus ana 4 parte sing lagi njaluk kon diusel-uselna maning kon bisa melu digambar nang kertu suara. Kabeh parte siki sibuk nggolet simpate rakyat. kabeh2 ngaku partene wong cilik. parte sing mbela wong kaya rika tukang becak, termasuk blekethir kaya inyong.
Nah justru visi, misi karo slogane kuwe sing keliru, " partene wong cilik "
Mbuh tekan kiyamat yang ora arep menang. jajal slogane ganti,
Partene wong sugih, partena wong makmur, dudu partene wong cilik!!Mesti nek slogane kaya kuwe akeh wong cilik, blekethiran kaya aku, rika karo liya-liyane gelem melu, sebab wis kesel dadi wong cilik!
